hallo sedulur sederek sedaya
ing wekdal punika kula badhe ngandaraken
babagan omah adat jawa
kula sumanggakaken maos artikel ing ngandhap punika
hayuuu...... 😃
OMAH ADAT JOGLO JAWA TENGAH
Omah
tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah
tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakake minangka simbol utawa
panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah joglo mung
diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang
akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana
bagian kang digunaake nampa tamu kang akih. Nanging Ing jaman saiki wis
arang banget ditemokake omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.
Omah joglo iki duweni bagian sing unik yaiku payone sing dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen.

Sabanjure yaiku pendhopo kang duweni fungsi kanggo nampa tamu. Bangunan
pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4 soko guru (tiang utama)
duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari
yaiku susunan balik kang disangga soko guru. Biasane, tumpang sari ana
ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti
minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa,
tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik. Banjur ana Peringgitan yaiku bangunan sing ngubungake pendhopo karo omah, bagian ruang peringgitan biasane digunakake kanggo dolanan wayang, peringgitan iki uga nduweni gndheng bentuke limasan.
Omah yaiku bangunan persegi sing nggunakake gendheng joglo sing ndhuwurake jogan, omah uga bagian kang paling kompleks lan paling utama. Dalem yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo
ruang keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi,
saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing pondasi kang luwih dhuwur
digunakake panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake
ruang keluarga lan senthong.
nah saka penggalan teks deskripsi ing dhuwur mau salah siji gambaran saka salah sawijining omah tradisional jawa tengah. mula ayo sihik-sithik nguri kabudayan jawa amarga akeh banget kang diduweni ing sak jerune kabudayan kui.